Cerita Rakyat Mbah Kayun di Desa Kayunan
Kecamatan Karanganyar Kabupaten Pekalongan
Ana wong sakti utawa biasa
disebut wali saka dhaerah Yaman teka nglalang buana menyang Indonesia, salah
sijining dhaerah sing disinggahi yaiku Pekalongan. Dheweke bisa ngusir penjajah
saka tlatah Pekalongan lan pungkasane
urip netep ana ing Pekalongan. Wali iki teka bebarengan karo para muride lan
ana sawetara pejuang sing ketemu neng dalan merga lunthang-lunthung ora duwe
panganan lan sidane diajak urip bareng karo rombongan wali mau. Pejuang kuwi
padha ngakoni mlayu saka penjajah lan golek pitulungan. Nanging walanda sing
kebak teknologi ora bisa dipungkiri isih katon sliwar-sliwer ana dhaerah
Pekalongan, diwedeni karo wong-wong pribumi. Ana salah sawijining pejuang aran
Kayun sing katon rasa sanajan wis putih rambute, dheweke kerep ngomandoni
rombongan lan nglurukake dalan sing aman kanggo dilewati. Saking seringe Kayun paring
petuah-petuah kanggo rombongan, dheweke diceluk mbah Kayun dening
kanca-kancane. Mbah Kayun kagolong pejuang sing sakti lan pinter ing seni bela
dhiri. Para pejuang nganggep wali sing dipeloni kaya gurune dhewe, dadi wis ora
ana jarak, katon cedhak nanging tetep ngajeni. Sang wali seneng duweni pengikut
sing kuat, jujur lan wicaksana kaya mbah Kayun lan kanca-kancane. Sang wali
was-was menawa tandha-tandha pejuang sing diduweni mbah Kayun bakal dititeni
karo walanda sing bakal marakake perkara. Walanda bakal mbrantas kabeh pribumi
lan materi sing diduweni yen weruh ana glagat-glagat rakyat pribumi apa maneh
pejuang sing dirasa bisa nglawan. Sawijining dina mbah Kayun diundang dening
gurune, lorone padha jagongan ana ing pinggir kalen.
“Mbah Kayun dak jaluk awakmu
ora susah ngetokake tandha-tandha pejuang, kaya ilmu bela diri, senjata-senjata
sing kok duweni utawa keterampilan-keterampilan minangka sawijining pejuang.
Sebab, sliramu kuwi pejuang sing kesasar lan saiki lagi golek keslametan”
“Guru, niat kula sae badhe
ngajari bela dhiri kaliyan kanca-kanca supados dados bekal kangge nglawan
walanda sawektu-wektu. Punapa kang bakal kedaden yen kula nglanggar kabeh wau
guru?”
“Yen kowe lan kanca-kanca
sarombongan katara pejuange, bakal dicurigai walanda, lan pungkasane reti dhewe
bakal kepriye…”
Sawise mbah Kayun entuk
pitutur mengkono mau saka gurune dheweke banjur saben dinane luwih seneng
meneng lan dhewenan. Amarga kelakuane sing ora bisa anteng, mbah Kayun ora bisa
tahan nganti telung dina. Wis kaya adat saben, mbah Kayun bali maneh ngajari kanca-kancane
nganggo ilmu bela diri, ancase kanggo njaga dhiri menawa walanda dumadakan
teka. Ana kene mbah Kayun ngetokake keahliane bela diri marang wong-wong akeh.
Kedadean iki ngatoni mbah Kayun lumrah dadi komandan perang. Gurune mbah Kayun
ora bisa nglakoni apa-apa, sebab niate mbah Kayun sing gedhe kanggo nglawan
walanda katon tulus.
Kelompok-kelompok walanda
utawa penjajah katon jaga-jaga ana ing tlatah Pekalongan, ana sing nggawe posko
neng alas, pinggir dalan, nganti terowongan-terowongan. Ancase kanggo ngintai
wewengkon sing durung dijamah supaya bisa dadi wewenange lan dijarah kabeh sing
ana neng kono. Ora gumun kekuatane walanda sing serba canggih bisa kanthi cepet
niteni gerak-gerike rombongane mbah Kayun lan gurune. Saben dina ana swara wong
gladhen bela dhiri, walanda pranyata delengi saka kadohan apa wae sing dilakoni
mbah Kayun lan kanca-kanca. Saka pihak walanda nyiapake mata-mata kanggo
ngintai rombongane mbah Kayun, carane yaiku ngongkon bocah umur limalas taunan
kanggo mlebu rombongan, sing ngakune bocah ilang sing kelangan wong tuwane lan
wis telung dina ora mangan. Bocah mau dikon ngluru informasi ngenani rombongan
iku, apa wae sing dilakoni saben dinane, apa bae barang gawanane, lan pira
hartane. Satekane mata-mata ana ing rombongan, mbah Kayun katon curiga, nanging
mandeng praupane sing pancen melasaken, pungkasane bocah mau entuk melu mangan
lan turu ana kono.
“Kowe sapa, nak? Kowe dudu
kolomane walanda kan? aku lan sarombongan wong pribumi sing apik, sing ora
bakal natoni kowe, dadi kowe jujura karo aku, aku saguh nulungi kabeh
karibedanmu.”
Bocah mau mung meneng lan
nangis sesenggukkan, terus mbah Kayun ngenehi mangan lan ombe lan ngenehi
pagaweyan ngluru kayu ing alas saben dina. Rasa curiga mbah Kayun wis ora ana,
merga bocah mau katon polos ora duwe tujuan apa-apa. Sawise seminggu
mata-matai, bocah mau ilang lan teka reng panggonane walanda. Pihak walanda
entuk informasi yen neng rombongan sing dimata-matai ana siji loro pejuang sing
pinter bela dhirine, lan rombongan mau duweni wanita-wanita sing ayu rupane lan
materi sing cukup akeh. Sabanjure walanda njupuk langkah nyedaki rombongan lan
nggawa pasukane supaya njarah lan kaya adat biasane ngupadaya ngrampas apa kang
ana neng kono. Supaya ditrima ana rombongan, walanda nggunakake cara sing licik
banget yaiku nyolong kabeh pasokan panganan, banyu resik lan obat-obatane
rombongane mbah Kayun lan gurune. Walanda banjur teka nawakake kabeh mau kanthi
gratis, nanging sapa sing percaya omongane mungsuh, sang guru nglarang
murid-muride padha nuruti kekarepane walanda.
“Aja ana sing gelem mangan
lan ngombe apa nrima apa bae saka walanda. Wenehane walanda duwe pamrih
tartamtu !“ Mengkono prentahe gurune mbah Kayun sing banjur dituruti dening
kabeh muride.
Sedina rong dina rombongan
padha ngusahake ngluru panganan, obat lan banyu resik nanging sansaya angel
bae. Para murid lan pejuang wis padha lungkrah lesu kepingin mangan, mbah Kayun
lan gurune sedhih atine ngenani bab iki. Ora suwe walanda teka maneh ana
rombongan lan nawakake panganan, obat
lan ombenan sing turah-turah. Kepeksa sang Guru lumantar mbah Kayun nyetujoni tawarane
walanda tanpa mikir apa kang bakal dadi akibate mengkone. Pungkasane pancen
bener, walanda jaluk imbalan ganti rugi panganan, obat lan banyu sing wis dientekake
rombongane mbah Kayun. Pihak mbak Kayun lan gurune pasrah ora bisa semaur
apa-apa. Pihak walanda jaluk rombongane mbah Kayun lan gurune cepet-cepet lunga
saka dhaerah kuwi lan masrahake kabeh harta lan wanita sing diduweni rombongan.
Ngerti panjaluke walanda mau mbah Kayun ora bisa nahan dhiri banjur adu omongan
karo komandane walanda. Mbah Kayun sing sejatine bisa bela dhiri nglawan para
walanda sanajan kangelan. Saking getere walanda banjur ngetokake pelurune sing
nyasar menyang salah sawijining muride sang guru. Kahanan dadi sembrawut kabeh,
bocah cilik lan wong wadon padha mlayu karo tetangisan. Wasana sang guru setuju
yen kudu lunga saka dhaerah mau, nanging aja nganti ana siji muride sing
keseksa. Pihak walanda uga setuju, banjur ngusiri rombongan kanthi kasar lan
ngobrak-abrik apa sing ana neng ngarepe, akibate para murid sarwa kecingkrangan
lan lelara merga kedadean mau.
Sawise rombongan metu saka
panggonan kuwi, kabeh padha mlaku golek papan sing bisa dinggo urip selanjute.
Sasuwine mlaku mbah Kayun ngomandoni rombongan supaya leren lan nglanjutake mlakune
ngesuk maneh. Wengine sang guru ngundang para murid lan pejuang sing dipercaya
supaya mepet ngrembug bab sing wigati.
“Kita ora bakal slamet yen
isih kaya mengkene kahanane. Aku duwe tugas kanggo mbah Kayun supaya cepet-cepet
mbabad desa ing dhaerah kidul Pekalongan. Sawise rampung dibabad ajarana ilmu
agama lan ilmu-ilmu liyane kaya tetanen marang warga sing bakal urip neng kono.
Caramu mbabad kudu dilandasi rasa ikhlas lan jujur. Ora kena jaluk bantuan
kekuatan gaib. Kepriye mbah Kayun?”
“Aku saguh nglakoni tugas
iki guru.”
Wangsulane mbah Kayun
dirasakake para kanca-kancane katon manteb. Wengi kuwi mbah Kayun tapa ana ing
panggonan sepi, jaluk dijambarake pikirane lan dikuatake badane. Esuke mbah
Kayun manteb lunga nglaksanakake tugase dipeloni pejuang siji kanggo kancan lan
biyantu apa-apa. Lungane mbah Kayun ninggalake rombongan dibarengi rasa
khawatir marang guru lan kanca-kancane. Nanging, mbah Kayun kudu gesit anggone
nglakoni jejibahan mau supaya bisa cepet bali maneh kumpul karo guru lan
kanca-kancane.
Mbah Kayun mlaku nglewati
alas siji lan sijine. Ing tengah dalan mbah Kayun nemoni pejuang sing lagi sekarat,
saka pangakune dheweke ditibakna walanda saka dhuwur banjur ngguling tiba
mengisor. Sanajan mbah Kayun kudu cepet-cepet nggolek papan sing ditugasi
gurune, mbah Kayun tetep ora tegel ninggalake pejuang mau dhewenan kanthi
kahanan sing kaya mengkono merga mbah Kayun dhewe ngrasani dadi pejuang.
Kancane mbah Kayun dikon ngancani pejuang sing sekarat, dene mbah Kayun ngluru obat-obatan
sing bisa ngobati pejuang sing sekarat mau. Setengah hari anggone mbah Kayun
ngluru godhong-godhongan lan woh-wohan, ana kasile. Pejuang sing sekarat mau
banjur bisa melek sanajan kelaranen lan diturokake ana ngisor wit gedhe sing
sandhinge wis dicepaki apel lan ombe kanggo dipangan yen wis waras. Durung
sempet ngomong kesuwun, pejuang sekarat mau wis ora weruh prawakane mbah Kayun
lan kancane.
Mbah Kayun mlaku sasuwene
srengenge jemedhul nganti srengenge turu. Ora krasa kesel lan ngeluh apa-apa. Ing
tengah-tengah alas, mbah Kayun dumadakan mandheg lan ngluru sumber swara sing
nyedhaki dheweke. Pranyata mbah Kayun dibuntuti jaran sembrani, jaran sakti
sing bisa mlaku luwih cepet saka jaran biasane. Mbah Kayun bungah bisa nemu
jaran kaya iki, kabeh dianggep kabegjane dheweke saka Gusti. Jaran mau ora
gelem lunga saka sacedhake mbah Kayun, kaya-kaya ibune, jaran mau krasa seneng
bareng mbah Kayun. Sasuwene mbah Kayun nunggang jarane, ora krasa digawa mlayu,
malah krasa alon lan silir-silir, nanging prnayata jebul wis tekan adoh
nyedhaki panggonan sing dituju kaya wangsite gurune. Mbah Kayun gumun karo
jarane mau, banjur gelem ngrumati jarane kaya kanca uripe dhewe.
Satekane mbah Kayun ing
cedhak dhaerah sing dituju, dheweke weruh gerak-gerik walanda wis ana neng
kana. Banjur kancane mbah Kayun sing meloni saka pertama mau dikon bali karo
mbah Kayun merga mbah Kayun ora gelem nggawe kancane cilaka merga melu-melu
ngurus tugas sing abot. Wekasane mbah Kayun saiki dhewe mung karo jaran
sembranine mata-matai gerak-gerike walanda lan nyusun strategi kanggo ngusir walanda. Esuke mbah Kayun mara ana
komandane walanda, ngomong yen ngko bengi neng kene bakal ana kedadean nyeremi
sing bisa gawe wong-wong padha mati.
“Tekaku mrene mung kepingin
ngomong yen mau bengi aku entuk wangsit, panggonan iki bakal ilang musnah saka
alam donya merga arep ana kedadean sing nyeremi. Aku ora meksa nanging mung iki
sing bisa tak kandhakake.”
Walanda ora percaya, nanging
mbah Kayun uga ora nggubris banjur lunga ninggalake papan mau. Wayah bengi mbah
Kayun wis nyiapake jaran sembrani saktine supaya meden-medeni walanda neng
kono. Jaran sembrani ditunggangi mbah Kayun lan mlayu banter banget, klebat-klebet
sakiwa tengene papan sing dinggoni walanda. Begjane wengi kuwi angine banter
dadi krasa hawa mistike. Walanda padha keweden, ngira yen ana makhluk reseksa
jahat sing nunggu panggonan kuwi, banjur padha lunga kabeh wengi kuwi mau, ora
ninggalake apa-apa. Mbah Kayun bungah dheweke kasil anggone ngusir walanda,
bisa nguwasani papan sing ditugasi gurune lan ngesuk bisa miwiti mbabad desa
kaya panjaluke gurune. Sawise kuwi mbah Kayun netep ana ing tlatah kuwi lan
nyiapake badan lan pikiran kanggo mbabad desa ngesuk.
Pejuang sing ngancani mbah
Kayun saka pertama metu saka rombongan wis tekan ana neng papane gurune,
nanging dheweke duwe niat jahat yaiku ngabari kabar sing ora bener.
“Kowe kok wis bali mrene, apa
mbah Kayun wis rampung anggone mbabad desa?”
“Mbah Kayun mbabad desa
kanthi cara sing ora bener yaiku njaluk bantuan kewan lan wong sakti.”
Kabar sing digawa pejuang
kancane mbah Kayun mau gawe kuciwaning sang guru, nanging sang guru ora arep
jupuk langkah sing kesusu, ngenteni kahanan-kahanan liya sing bakal bisa
mantepake keputusane.
Mbah Kayun eling tugase saka
gurune yaiku kudu mbabad desa kanthi cepet. Naning yen carane kaya mengkene
dibabadi nganggo arit saka pinggir sithik blaka sithik kapan rampunge. Durung
neg wis dadi desa kudu nyebarake ilmu agama lan ilmu liyane karo wargane. Mbah
Kayun katon putus asa nanging dheweke ora bakal nglanggar pantangane yaiku
nganggo kekuatan gaib kanggo bantu mbabad. Sewengi mbah Kayun semedi ngluru
cara cepet supaya bisa rampung anggone mbabad. Esuke asile semedi mbah Kayun
duweni gagasan tlathahe dibabad kanthi cara dibakar dadi cepet dadi desa. Mbah Kayun
nalika isih mbabad desa, merga wis tuwa mulakna menawa kesel mbabad, dheweke
leren banjur dolanan yun-yunan. Yun-yunan digawe saka tali-tali jupuk neng alas
sing ditaleni karo wit siji lan sijine. Ana sing weruh, yen bengi mbah Kayun
kuwi sering dolanan geni lan obong-obongan ing saktengahing alas. Warga niteni
yen wong sing mbabad desa iki yaiku mbah-mbah sing seneng dolanan ayun-ayunan,
yaiku mbah Kayun.
Sang
guru neng panggonan sing beda krungu kabar yen mbah Kayun kasil bisa mbabad
desa kanthi cara dibakar mulakna cepet. Iki mbuktikake yen pejuang sing meloni
mbah Kayun kuwi menehi kabar sing ora bener. Saka awal guru ora percaya karo
omongane muride sing meloni mbah Kayun mau. Banjur pejuang diundang lan
disidang ana tengah-tengahing para murid, dheweke mung bisa meneng ngakoni
kaluputane. Pungkasane pejuang kancane mbah Kayun mau dihukum kanthi cara kudu
dikurung ana goa supaya semedi mbenerake awake kareben ora gawe rugi wong
liyan.
Mbah
Kayun banjur menehi desa sing wis dibabad kanthi jeneng Kayunan. Alasan
dijenengi Kayunan yaiku dijupukna saka nama mbah Kayun kuwi dhewe lan gaweane
mbah Kayun sing seneng ayun-ayunan. Sawise desa katon padhang, mbak Kayun
ngajarake ilmu-ilmu agama lan ilmu-ilmu kanggo sangu urip liyane. Mbak Kayun
dadi salah sijining sesepuh desa ana kana, lan ing sisa umure mbah Kayun
ngusahakake uripe migunani kanggo sesama. Mbah Kayun dicritakake ngentekake
umure utawa mati ana ing Kayunan lan dimakamake ana kana uga. Ora mung mbah
Kayun, para kanca cedhake uga dimakamake sapanggonan karo makame mbah Kayun.
Sawise
mbah Kayun ninggal donya, sing katon mung rupa makame. Saben bengi keprungu
swara pating kumrincing lakuning jaran sembrani sing dipercaya prewujudane mbah
Kayun sing isih keliling njaga desa. Ora siji loro sing ngaku pernah dirungoni
swara sing padha sing unine kumrincing swara jaran mlaku.
“Mbiyen
nalika aku nembe pindah rene menyang desa Kayunan, melu bapak, aku kerep
keprungu swara krincing-krincing lakuning jaran. Aku wedi wektu kuwi. Nanging
banjur dicritani, saiki aku ngerti yen kuwi jaran apik sing lagi njaga desa.
Nanging saiki aku wis ora pernah krungu maneh swara-swara kaya kuwi neng kene.”
Ujarane bu Anah iki nandhakake yen swara jaran diyakini tau keprungu ing desa
nanging wis ilang utawa wis ora keprungu maneh.
Kanggo
wong pendatang anyar utawa tamu sing nginep ing desa Kayunan swara iki katon
medeni, nanging kanggo para warga asli desa Kayunan swara iki bisa kanggo
tandha makmuring desa. Sebab, para warga desa yakin menawa mbah Kayun njaga
desa, desane bakal ayem tentrem ora ana perkara sing nganeh-nganehi. Para warga
sing sebagian gaweane tetanen ing sawah, anane swara jaran sembarani ing
tengah-tengah wengi kuwi sing gawe tanduran-tanduran padha woh akeh lan sawah
padha gampang panen, saengga ekonomine warga ya melu-melu apik. Nanging sansaya
suwi, sansaya tambah taun, para warga desa, khususe para sesepuh uga ngagas yen
mbah Kayun wis ora maneh njaga desa, wis ora ana neng desa Kayunan lan wis
lunga saka desa Kayunan. Ilange mbah Kayun lan jaran sembranine dibarengi
tetanduran lan sawah sing padha gagal panen. Para tani padha kesusahan merga
perkara iki. Mbah Kayun diyakini isih nglalang buana pindah neng desa siji
menyang desa sijine. Para warga ngarep-ngarepaken mbah Kayun bisaa bali njaga
desa supaya desa Kayunan ayem tentrem lan tetanduran manglih padha subur maneh.
Carane
mbah Kayun mbabad desa kanthi dibakar mau dipercaya kaya-kaya dadi sebabe
keneng apa warga desa Kayunan asli senenge panas-panasan bab donya. Saliyane
kahanan mau, merga desa Kayunan dibabad kanthi cara dibakar, diyakini maning
tanahe wong-wong neng ndesa Kayunan kuwi amba-amba, iki pancen bener. Kabukten
saka sawah-sawahe warga Kayunan sing ditinggalane simbah-simbahe mbiyen nganti
saiki sawahe ya akeh lan amba-amba. Seje karo desa tangga sing dibabad kanthi
cara dipritili sithik-sithik saka pinggir, mula desa mau (Mangli) tanahe
kagolong ciut-ciut.
Makame mbah Kayun nganti
saiki ora ana sing wani nganggep dolanan, merga pernah ana warga cilaka,
mripate tatu lan tiba (keceklik) sebabe wani ngepet lan penekan neng wit asem
sing urip neng sekitare makame mbah Kayun. Ana maneh kedadean yaiku bocah-bocah
cilik anake para warga sing seneng dolanan menyang sawah lan mlangsub mlebu
metu makame mbah Kayun, mesthi wae bengine utawa dina ngesuke padha mriang,
mriang neng kene disangkut pautake warga karo mistike mbah Kayun. Yen bali saka
sawah bubar meret, ngarit utawa angon kewan ing sacedhaking makam mbah Kayun
terus mulih awake gathel-gathel uga warga nggagas menawa asale saka mbah Kayun.
“Kowe ora maca salam ndean pas mlebu makame,
nek ora kowe ngomong sing ora kepenak dirungu utawa saru, utawa ngrusak
lingkungan sekitar makam?”
Kaya mengkono gagasane para
sesepuh yen weruh anake tiba mriang jalaran pernah lewat makame mbah Kayun.
Panggonane makam mbah Kayun sing neng tengah-tengah sawah otomatis dadi dalan
sing saben dina dilewati para warga khususe para tani. Kanggo para tani sing
biasa lewat sliwar-sliwer makam wis ora nduwe rasa wedi. Beda karo bocah cilik
utawa wanita sing isih ngandhut, lagi tekan kadohan weruh wit-witane makam sing
ngrembuyung wae wis mrinding kabeh. Kanggo wong sing jarene sakti utawa duwe
kaluwihan indra, neng ngisor wit godhong jaran neng njero makame mbah Kayun,
bisa weruh kolam isi dhuwit. Iki nandhani mbah Kayun kuwi sugih banget.
Makame mbah Kayun dumunung
ing sisih kulone desa ing tengah-tengah paparan sawah. Makam mbah Kayun mau uga
dadi pembates antarane desa Kayunan lan desa tangga yaiku Sidomukti. Warga desa
Kayunan saikine peryaca yen makame mbah Kayun kudu dikurmati minangka nenek
moyang desa. Mula, warga desa Kayunan
rutin nganakake nyadran utawa sedekah bumi kanggo ungkapan rasa syukur
marang Gusti lan rasa hormat marang mbah Kayun. Tradisi turun temurun sing
dilakoni para warga tumprap makame mbah Kayun yaiku saben minggu kliwon wulan
Sapar lan Ruwah nganakake nyadran minangka wujud syukur utawa sedekah bumi, ndongani
muga-muga desane entuk kamulyan saka Gusti. Sedekah bumi sing biasa dilakoni
masyarakat Kayunan iku kudu dilakoni pertama saka sedekah bumi-sedekah bumi
desa sebelahe. Artine mbah Kayun minangka sing paling sepuh kudu diajeni, mula dianakake sedekah bumi sing pertama. Yen
Kayunan wis nganakake sedekah bumi mau banjur diterusake desa sebelahe sing
isih sakkelurahan yaiku ana neng dina Jumat kliwon lan Rebo kliwon (Desa Gritan
lan Mangli). Sedekah bumi iki hukume wajib kanggo warga desa Kayunan, durung
ana saka mbiyen nganti saiki sing wani mlenceng saka aturan mau. Yen sedekah
bumine ora sing pertama, warga Kayunan nyakini ana kedadean sing ngeri bakal
nimpa desane. Dadi saka mbiyen warga desa Kayunan pancen ora tau ninggal
sedekah bumi apa maneh ngerenake mbah Kayun.
Ana ing Minggu kliwon, para
warga desa Kayunan esuk-esuk banget para bapak padha mara menyang makam saperlu
reresik makam lan lingkungan sakitare. Dene ibu-ibu padha sibuk neng dapur
nyawisake panganan sing arep digawa kanggo sedekah Bumi. Sakwise makam wis
resik, bapak-bapak padha bali jupuk ambengane dhewe-dhewe banjur digawa reng
makam kanggo dislameti. Bocak cilik-cilik padha rame-rame nonton lan ngenteni
anduman jajanan. Panganan sing dimasak utawa digawa para kepala kulawarga akehe
sega nganggo lawuh mie, endog, tempe, lan ayam. Wjude sega mau dideleh neng
tampah, nanging uga ana sing ditum dadi pitu. Sakliyae sega ana sing gawa ketan
srundeng cacahe pitu, jajan pasar, jajar kering, krupuk, utawa buah. Dadi
ibarate apa wae sing penting panganan mau sumbere saka warga Kayunan dhewe lan
ikhlas kanggo sedekah bumi. Sawise slametane rampung, para bapak padha mangan
sega ambengan sing wis dicampur dadi siji. Bocah-bocah cilik padha jejer
ngenteni anduman jajanan saka bapak sing mbagi banjur nek wis oleh sakplastik
bali dhisik. Kanggo ibu-ibu sing ana neng omah uga kebagian yaiku sawise
bapak-bapak padha mngan bareng panganan sing isih turah digawa bali. Filosofine
saka sedekah bumi iki ora liya anane gotong royong para warga sing apik lan upaya
nglestarikake tradisi turun temurun ngormati nenek moyang.
Sakdurunge
warga mlebu wilayah makam, ana tradisi maca salam ing batin, tujuane kanggo
ngajeni sing duwe panggonan yaiku mbah Kayun. Sanadyan ngucapane dibatin,
nanging warga nyakini yen ora maca salam, mbah Kayun krasa keganggu. Mbah Kayun
sing diyakini wong pinter utawa wali marang warga desa Kayunan lan warga njaba
desa Kayunan, ndadekake wong-wong mau padha teka neng makam. Wong-wong asing
sing padha teka ana sing tujuane yaroh, ana sing semedi merga duwe hajat dhewe
sing ngarep hajate mau bisa keturutan, lan teka kanthi tujuan liyane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar