Raden Rinangku lan Dewi Nawangsih
Ing kutha Kudus jaman mbiyen ana
kyai kang misuwur asmane Raden Umar Said kang biasa dipunasmani Sunan Kudus.
Sunan Kudus kuwi misuwur banget ing kutha Kudus amarga salah sawijining wali
Allah SWT kang nyebarake agama Islam ing kutha Kudus. Sunan Kudus duweni
padhepokan kang gedhe lan ugi misuwur ing lereng gunung Muria.
Raden
Bagus Rinangku Aji, kuwi putra saka Ki Ageng Pandan Arang, Adipati Semarang.
Raden Rinangku nduweni watak alus, gagah, sedherhana, lan pinter. Keluargane
Raden Rinangku iku kerep foya-foya banjur salah sawijining anggota keluargane
Raden Rinangku sing ora gelem foya-foya lunga saka omah kanggo golek ilmu ing
kutha liya. Amarga kahanan keluargane sing kerep foya-foya, kuwi ora cocok karo
dheweke sing bocahe nrima lan gelem rekasa. Rinangku banjur lunga saka omah
amarga krungu yen ning Kudus, cethane ing Lereng Gunung Muria, ana sawijining
pondhok pesantren sing dinduweni dening Kanjeng Sunan Muria. Rinengku wis nduwe
kekarep kepengin nyantri, jalaran Kanjeng Sunan Muria menika salah satunggaling
Sunan ing Kutha Kudus kang misuwur nganti njaban rangkah. Piwulang kang
diajarake arupa piwulang suci agama wonten urip tumuju keslametan donya. Esuke,
Rinangku banjur mangkat ana Kudus kanthi tujuan nyantri ana kana.
Pirang-pirang
dina ana dalan, amarga dalan saka Semarang nganti Kudus adoh, uga dalan kang
dilewati ijeh arupi sawah-sawah lan alas uga dilakoni Raden Rinangku karo mlaku
mula tekanne Rinangku ning kutha Kudus ora sedhela, bareng tekan Kudus Rinengku
langsung tumuju ana Pondhok Pesantrene Sunan Muria. Miturut ngendikane warga
desa Masin, Rinengku teka ing papan kuwi wengi, wanci purnama, nalika Kanjeng
Sunan Muria lenggah ing langgar lan ngajarake ilmune marang siswane kabeh.
Katon lungguh sacedhake Kanjeng Sunan Muria ana santri kang diarani Cebolek
(cebol elek) kang asal saka Kajen, Kabupaten Pati, kuwi santri kang dikasihi
dening Kanjeng Sunan amarga pinter. Saliyane ana kang arane Ki Guna Tentika, Jaka
Sunggana, Jaka Taruna lan siswa-siswa liyane. Banjur kanjeng Sunan ndangu.
“Sapa
kowe cah Bagus? Lan saka ngendi Asalmu?”
“Kula
Rinengku kanjeng Sunan, putranipun Ki Ageng Pandan Arang. Kula saking Tembayat,
Semarang”, jawabe Rinengku.
“Tujuanmu
rene ora liya mesthi kanggo ngangsu kawruh.”
“Kasinggihan
Kanjeng Sunan.”
“Saiki
ngasoa dhisik ana pondhok, kowe mesthi kesel.”
Nalika
mlaku tumuju pondhok, Rinengku weruh ana wong wadon ngintik dheweke saka jendela
daleme kanjeng sunan. Ora salah maneh kuwi Lare putri Kanjeng Sunan Muria yaiku
Raden Ayu Nawangsih. Ananging Rinengku durung ngerti sapa bocah wadon kuwi.
Banjur Jendhelane age-age ditutup. Rinengku wes kedarung kepincut karo wong
wadon mau sing ora ngerti sapa. Rinengku mengo memburi Jebul Kanjeng Sunan
ngematke saka Langgar.
Ing
kawasan pesantren kuwi ora oleh ketemu lanang lan wadon, amarga ora muhrime.
Lan ning pesantren kuwi ajaran agama Islame kenthel banget mula ora oleh ketemu
lanang lan wadon.
Rinengku ngerti yen iki kawasan pesantren,
mula ora sepanthese yen wong wadon karo wong lanang bengi-bengi ngene arep
omongan. Banjur mbatin.
“(ah,
sesuk paling ya ketemu maneh)”
Jebul
kedadeyan tenan sing dibatin dening Rinengku. Bocah wadon kuwi esuk-esuk bar
subuh wes metu omah lan njupuk beras ana ing panggon nyimpen beras cedhak
pondhok. Rinengku mbatin yen iki bakal dadi wayahe dheweke tepangan karo bocah
wadon kuwi.
“emmm…mbak,
nuwun sewu. Sampeyan menika rak..?”
“Iya.
Aku sing mau bengi ngintik kowe saka Jendela.”
“Asmanipun
sinten nggih?”
“Jenengku
Nawangsih. Nanging aja takon sapa aku. Kowe bakal kaget.”
“menapa
inggih? Kula sampun siap kaget kok”
“Aku
iki Larene Kanjeng Sunan Muria. Gurumu.”
“(Lhahdalah,
mulane kok ayu tenan)”, Rinengku mbatin.
Dumadakan sak mburine ana kanjeng
Sunan Muria karo Cebolek. Banjur panjenengane ngendika.
“He, Rinengku. Esuk-esuk ning
Pesantren kok wis gawe aku anyel awakmu? Apa kowe ora ngerti aturan ing
pesantren iki?”
“Ngapuntenipun kula kanjeng Sunan.”
Banjur
Sunan Muria nuturi aturan-aturan ing pesantren lan ngandani Rinengku babagan
larangan kanggo nyedhaki anakke.
“Anakku wis dak jodhokake karo
Cebolek. Mula aja pisan-pisan awakmu wani nyedhaki Nawangsih. Iki patentahku.
Kowe ora kena mbantah.”
Rinengku banjur jaluk ngapura lan
meneng, jalaran dheweke kuwi murid anyar. Kudu bekti marang gurune.
Ananging saya mlaku dina, saklorone
malah saya cedhak, Rinengku wes wani nglanggar larangane Kanjeng Sunan.
Katresnan kalorone nganti bisa nepisake aturan saka Sunan Muria. Saklorone
kerep nyolong-nyolong wektu sak Kanjeng Sunan ben isa ketemu.
Meneng-meneng
Cabolek sing ngerti babagan Rinangku lan Nawangsih sing nyolong-nyolong ketemu
saka kanca-kancane sing uga Santri nduweni niyat ala. Dheweke ngasut Kanjeng
Sunan supaya Rinengku diwenehi tugas kanggo ngresiki grombolan prampok kang ana
sekitar Lereng Gunung. Prampok kuwi misuwur sekti lan ora ndue rasa. Gampang
banget mateni wong. Mula Cebolek kepingin ngerti Rinengku dipateni, jalaran
dheweke kuwi santri anyar lan ilmune paling ya ora akeh-akeh banget. Kanjeng
Sunan ora ngerti yen kuwi niyat ala saka Cebolek. Ngertine Rinengku kuwi bakal
diwenehi tugas sing rada abot kanggo mbuktekake kapatuhane tumrap gurune.
Prampok
kuwi ndungu bakal ana bocah saka desa Masin kang bakal nglawan prampok kang
misuwur sekti kuwi. Banjur, salah sijine prampok lunga goleki sapa bocah kuwi.
Ning tengah dalan, prampok mau ketemu Cebolek, dasare Cebolek ora seneng karo
Rinangku banjur ngomong ning prampok kuwi yen bocah sing bakal nglawan prampok
kuwi kesaktianne ora patiya.
Ananging
Cebolek ora ngira, bocah sing diitung santri anyar kuwi jebul sekti banget. Apa
sing dikarepake Cebolek malah suwalike. Ora Rinangku sing mati ananging lumawan
prampok-prampok mau, anangiing justru para prampoke sing mati, apike maneh ana
salah siji prampok sing iseh urip malah melu mlebu dadi santri ing paguron
Kanjeng Sunan kang aran Kiai
Mashudi. Nawangsih sing ngerti yen Rinengku kuwi sekti lan bisa ngrampungke
tugase, saya tresna marang Rinangku.
Ananging Cebolek? Cebolek ora seneng ngeti kahanan iki.
Banjur ing sawijiining dina, Cebolek gawe
fitnah karo kabeh wong pesantren, ora luput Sunan Muria uga ngerti. Fitnahe
yaiku Rinangku tau ndelik-ndelik mlebu kamare Nawangsih ana wayah Bengi. Carane
tapi ora cerita langsung, ananging fitnah iku ditujokakae marang santri-santri
liyane supaya Kanjeng Sunan ngerti yen kuwi pancen akeh seksine lan Kanjeng
Sunan ora seneng marang Rinangku. Ananging seksi wae ora cukup.
Sunan Muria njaluk bukti. Mbok menawa kuwi gur apus-apusane salah siji santrine
sing seneng ngomongke wong. Bukti tapi ora ana, Rinengku pendak bengi ngaji
Al-Qur’an ana langgar. Mesthi kuwi. Pendak bengi. Kanjeng Sunan Muria banjur
ngebari Fitnah kuwi kanthi ngomong.
“Aku
ora ngandel yen Rinengku nek bengi kuwi nglakoni tumindak ala kaya mangkono.
Soale aku wis ngerti dhewe yen Rinangku kuwi mung ngaji Qur’an nek bengi.”
Akhire
Rinangku sepisan meneh diwenenhi tugas dening Kanjeng Sunan kanggo njaga manuk
sing mangan ing sawah. Ana bab iki, Sunan Muria duwe kekarepan supaya ora ana
meneh rumor-rumor, utawa fitnah, kaya wingi-wingi. Sak liyane kuwi, Sunan Muria
ya kepengin ndeleng tenanan apa Rinengku kuwi pancen bocah apik-apik apa ora.
“Rinengku,
saiki kowe tak dhawuhi kanggo njaga manuk sing mangan pari ana sawah. Lakonana
kuwi saben dina, nganti pariku siap dipanen”, akone kanjeng Sunan.
“Inggih,
Kanjeng Sunan”, wangsulane.
Sak
wise tekan sawah, Rinengku banjur mung tura-turu ana gubuk. Malah nganti turu
bablas ana gubuk kuwi. Pari sing kurang sedhela maneh wis bisa panen kuwi
dijarke dipangan dening manuk emprit sing cacahe atusan. Tangi-tangi, dheweke
ngerti Nawangsih teka marani dheweke.
“Raden
Mas, parine kok malah dijarke wae? Kuwi parine entek!”
“Lhah?
Kenapa yen entek?”
“Ya
ora isa dipanen ta Kang Mas.”
“Lha
aku lak didhawuhi Kanjeng Sunan kanggo njaga manuk sing padha mangan pari ta?
Manuke wis tak jaga”
“Aduh……”
“Tenang
wae ta. Kowe ana apa mara ana kene Dhiajeng?”
“Aku
kepengin Kangmas ngrampungi tugas iki kanthi sampurna. Mula aku ndelik-ndelik
teka mrene kanggo ngewangi sampeyan.”
“Ora,
perlu kaya ngono Dhiajeng. Kowe malah memalakke awakmu dhewe.”
Saka
kadohan, Cebolek ngerti yen wong loro ana sawah lagi padha mesra-mesra. Cebolek
banjur lunga saka papan kana banjur mara ing ngarepane Kanjeng Sunan kanggo
ngandani babagan iki. Ora suwe Sunan Muria mara sawah karo Cebolek lan
santri-santri liyane. Bener. Ning kana sing diweruhi, Rinengku karo Nawangsih.
Sunan Muria during katon ngamuk. Penjenengane ngamuk nalika ndeleng parine
entek dipangan dening manuk.
“Heh,
Nak Mas Rinengku. Kowe dak percaya kok malah celelekan? Pariku entek.
Delengen.”
“nuwun
sewu, Kanjeng Sunan. Kula angsal dhawuh saking penjenengan menapa ta?”
“Kowe
ta kon njaga sawahku supaya parine ora dipangani manuk.”
“ingkang
kula mirengaken, panjenengan ndhawuhi kula supados njagi manuk sing nembe
mangan pari wonten sawah.”
“Apa
aku ngomong mangkono?”
“Nuwun
Sewu kanjeng Sunan. Ananging menika leres ingkang dipunaturaken Dhimas Rinengku”,
ujare salah siji santrine.
Ana
salah paham saka kalorone. Kanjeng Sunan salah menehi dhawuh. Ana kono, kanggo
tangggung jawab, Rinengku nganggo ilmune sing dikuwasani turun temurun lan
mablaekake sawah sing entek mau. Malah, nganti siap dipanen. Kanjeng sunan
banjur sadar yen Rinengku ki bocah apik lan cerdas. Kanjeng Sunan kepengin
nguji siji meneh, kekendelane. Banjur kanjeng Sunan ngendika.
“Aku
maklum yen aku sing salah menehi dhawuh. Ananging tumindakmu sing ndelik-ndelik
yang-yangan karo anakku ing sawah. Ora bisa tak wenehi ngapura.”
“Lho?”
Sunan
Muria banjur ngetokake panah lan dipenthang ing ngarepane Rinengku. Iki mung
kanggo nguji kasektene. Rinengku bingung, ora kuasa yen mungsuh karo gurune
dhewe. Sunan Muria isih menthang panahe, nanging banjur disampluk karo Cebolek
lan panahe ucul. Kena Rinengku sing ning ngarepan. Rinengku banjur asor lan
sekarat. Cebolek sing ngeti kuwi, age-age banjur njupuk siji meneh panah saka
mburine Sunan Muria, Arep dipateni sisan Raden Rinengku. Nanging didhang karo
Nawangsih. Nawangsih kena ditujep panahe Cebolek.
Saklorone
Sekarat. Sunan Muria ora kuwat, ngeti kasunyatan anakke ketujep. Cebolek sing
wedi banjur mlayu lan dioyak karo santri, 3 cacahe. Santri liyane arep padha
nulungi Rinengku lan Nawangsih, ananging wis telat. Kalorone mati ana ing papan
kono. Mati amarga rasa tresnane.
Sunan
Muria banjur ngendika yen wong loro kudu digawekake makam ana papan kono. Yaiku
dhukuh Masin. Lan ngendika yen bakale, ing papan kene mbesuk ana jaman ngarep,
bakal dadi tanah kang subur. Tanduran apa wae bakal bebas sak ama, lan bakal
dadi gedhe-gedhe tandurane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar