Objek
wisata “Api Abadi Mrapen” kuwi manggon ana Desa Manggarmas, Kecamatan Godong,
Kabupaten Grobogan sing ora adoh karo dalan gedhe jurusan Purwodadi-Semarang.
Ana ing komplek papan kana sakliyane ana geni sing trus nyembur urip saka jero
lemah, uga ana sendhang sing banyune katon mulak-mulak panas nanging yen
dicawuk utawa dicandhak banyune krasa adhem. Banyu sing adhem kuwi yen disumet
uga bisa metu genine. Awit saka keanehan kuwi akeh wong-wong sing padha gumun
lan ora percaya.
Ana
maneh barang siji sing uga bisa gawe gumune wong sing weruh, yaiku watu sing
ora sepira gedhene, nanging yen diangkat abote ora karuwan. Mula watu kuwi
terus dikeramatna lan ana kepercayaan sapa wae sing isa ngangkat lan balikna
watu kuwi kaya asline maneh bakal katurutan apa sing dadi kepinginane. Mrapen,
miturut grenengane warga sing ana sekitare kana, mrapen kuwi saka tembung ‘mara’ karo ‘api’ sing tembung loro kuwi
mau digabung dadi siji unine mrapen
sing duweni teges utawa arti geni sing teka dhewe.
Cerita
asal usule mrapen kawiwitan nalika
Prabu Brawijaya yaiku raja terakhir Majapahit nikah karo Putri Campa sing
nalika semana agamane Islam. Ya saka Putri Campa iki Prabu Brawijaya seneng lan
tertarik karo Islam. Nalika semana Prabu Brawijaya metu saka kerajaan pingin
mangerteni piye kahanane rakyat sing dipimpin dheweke sing ana ing sak kiwa
tengene kerajaan Majapahit. Ana ing tengah-tengahe laku, dheweke mandheg sajak
kamitenggengen ngeti wong wadon sing ayune ora mung ketok saka jaba, nanging
uga saka perbawa sing metu saka jero awake. Prabu Brawijaya sing sajak
penasaran sapa wong wadon kuwi mau terus perentah marang prajurite supaya
goleki ana ngendi papan dunung lan asal usule wong wadon mau.
Sakwise
ketemu asal usule wong wadon mau, Prabu Brawijaya langsung mara ana omahe lan
boyong wong wadon mau ana papan sing wis disediake dheweke khusus kanggo wong wadon kuwi, sing papane
ana Palembang.wong waddon sing aran Putri Campa kuwi pancen sampurna, ora mung
jiwa raga nanging uga agamane. Putri Campa sing ngugemi agama Islam, nalika
lagi sesandingan karo Prabu Brawijaya dheweke ora tau kendhat anggone
ngandakake kautaman-kautamane agama Islam. Ora ana tembung liya sing metu saka
lambene Putri Campa sakliyane crita bab kautamane agama Islam.
Anggone
Prabu Brawijaya nikah karo Putri Campa diwenehi putra lanang siji. Nalika
putrane isih cilik, Prabu Brawijaya pamit bali menyang Majapahit merga kerajaan
sepi sak sowene ditinggal dheweke lunga lan urip bareng Putri Campa. Raden
Patah yaiku putra sing lair saka rahime Putri Campa ora diintuki melu bali lan
urip bareng Prabu Brawijaya ana kerajaan Majapahit. Raden Patah lan Ibune Putri
Campa kudu tetep tinggal ana Palembang. Dadi laire Raden Patah ora ning
lingkungan kerajaan merga Putri Campa kuwi bojo selire Prabu Brawijaya. Dheweke
lair lan digedhekake dening Ibune dhewekan ana Palembang.
Nalika
Raden Patah wis mancik umur dewasa, dheweke takon marang Ibune sakbenere sapa
ta Bapake kuwi. Merga wiwit cilik Raden Patah durung tau ngerti lan ketemu karo
Bapake. Putri Campa sing diwenehi pitakonan sing kaya mangkono anggone arep
paring wangsulan rada gragapan, merga pitakon kuwi mau ditakokake Raden Patah
kanthi ndadak. Putri Campa sing katon bingung anggone arep paring wangsulan
saya gawe penasarane Raden Patah. Pitakone Raden Patah terus dibaleni maneh
ditakokake marang Ibune. Kanthi sawara lirih lan rada sedih merga atine
kadudud, Putri Campa nyritakake menawa Bapake Raden Patah yaiku salah sijine
wong sing paling duweni kuwasa ana kerajaan Majapahit. Raden patah kaget lan
rada ora percaya yen Bapake kuwi jebule Raja Majapahit kang asma Prabu
Brawijaya.
Sak
wise ngerti yen Bapake kuwi Raja Majapahit, Raden Patah pamit marang Ibune arep
sowan menyang Majapahit kanggo buktikake bener lan orane kasunyatan kuwi. Putri
Campa sing diweling dening Prabu Brawijaya ora ngintuki Raden Patah budhal
sowan Majapahit. Nanging merga saka kepingine ketemu karo Bapake, Raden Patah
nekat budhal sowan menyang Majapahit tanpa pamit karo Ibune.
Nalikane
tekan Majapahit, Prabu Brawijaya sing nampa sowane Raden Patah ora ngerti sapa
pawongan biasa sing wani sowan ana ngarepe kuwi. Merga nalika Raden Patah
ditinggal ana Palembang kuwi isih cilik banget. Jroning bingung sing dirasakna
Prabu Brawijaya, Raden Patah terus cerita sapa ta dheweke kuwi. Sak rampunge
critane Raden Patah, dheweke terus nyuwun pirsa marang Prabu Brawijaya apa
bener yen dheweke kuwi putrane Prabu Brawijaya.
Prabu
Brawijaya sing wiwit sepisanan mirengake critane Raden Patah tekan pungkasan
terus ngrasa bingung kudu piye, jebul sing sowan ana ngarepe kuwi putrane
dhewe. Bingunge Prabu Brawijaya uga merga jroning sowan Raden Patah nyeritakake
kepiye kahanan uripe nalika ana Palembang karo Ibune. Atine Prabu Brawijaya
dadi kadudut lan ngrasa kuciwa biyen wis ninggalake Putri Campa lan Putrane ana
Palembang. Prabu Brawijaya terus dhawuh marang patihe jaluk pertimbangan piye
penake supaya kabeh isa dadi apik. Merga dheweke durung isa mikir kanthi wening
gara-gara critane Raden Patah sing kaya mangkono mau. Sang Patih usul piye yen
kanggo nebus kesalahan kuwi, Prabu Brawijaya paring jeneng kerajaan kanggo
Raden Patah. Sak ora-orane supaya Raden Patah dikenali para punggawa kerajaan
Majapahit lan kabeh rakyate. Prabu Brawijaya setuju marang usul sing diaturna
dening Sang Patih kuwi. Ora nganggo mikir kesuwen Prabu Brawijaya langsung
maringi jeneng kerajaan yaiku Babah Patah, babah
sing duweni teges lair saka papn liya.
Sowane
Raden Patah ora kabeh ditampa kanthi apik lan seneng pihak kerajaan. Ana
sebagian Abdi lan Nayaka sing ora seneng marang sowane Raden Patah ana
Majapahit. Merga saka pamikire para Abdi lan Nayaka kuwi Raden Patah mung arep
nunut mukti saka kerajaan Majapahit. Mula saka kuwi, para Abdi lan Nayaka sing
ora seneng marang sowane Raden Patah terus ngojok-ngojoki Prabu Brawijaya
supaya buwang Raden Patah ana papan panggonan sing adoh saka Majapahit. Merga
miturut pamikire mengko Raden Patah malah bakal gawe gegere kerajaan Majapahit
sing teka kanthi ndadak lan durung kabeh ngerti Raden Patah kuwi putrane asline
Prabu Brawijaya utawa ora. Raden Patah sing ngerti bab kuwi mung meneng wae lan
ora mangsuli apa-apa. Merga dheweke duweni pamikiran yen dheweke langsung
brontak ana kono malah bakal dadekake elek awake dhewe. Raden Patah luwih milih
narima ing pandum lan atut ilining banyu mili disek kanggo mangerteni apa sing
bakal kadadean sak wise kuwi.
Raden
Patah sidane didhawuhi dening Prabu Brawijaya supaya mimpin daerah Majapahit
sing ana Demak Bintoro merga saka usule para Abdi lan Nayaka sing ora seneng
marang dheweke mau. Kanthi keputusan sing kaya mangkono mau Raden Patah mung
manut wae lan enggal budhal tumuju ana Demak Bintoro. Raden Patah sing
dipercaya dening Prabu Brawijaya duweni tekat bakal moncerake Demak Bintoro
ngluwihi moncere Majaphit sing dipimpin Bapake.
Sakbudhale
Raden Patah menyang Demak Bintoro, Prabu Brawijaya isih kepikiran terus
crita sing digawa dening Putrane nalika
sowan Majapahit. Prabu Brawijaya nganti ora doyan mangan lan ora isa turu, arep
ngapa-ngapa ya dadi males banget. Suwe saya suwe Prabu Brawijaya sing kaya
mangkono terus tiba lara merga saka abote pikiran sing disangga dadekake awake
melu ora kuwat nahan. Jroning lara, Prabu Brawijaya dhawuh karo Patihe supaya
ngutus prajurit kanggo sowan Demak Bintoro nemoni lan boyong Raden Patah
menyang Majapahit.
Ana
Demak Bintoro, Raden Patah sing wis suwe ora sowan menyang Majapahit duweni
rasa kepingin sowan maneh menyang Majapahit. Merga nalika semana ati lan
pikirane uga krasa ora kepenak kaya-kaya ana perkara kang nuntun dheweke kudu
sowan. Nalika Raden Patah pamit arep budhal sowan menyang Majapahit, dumadakan
ketekan sowan prajurit utusan saka Majapahit sing gawa dhawuh saka Prabu
Brawijaya. Merga ngerti yen prajurit kuwi utusan saka Majapahit, Raden Patah
mandheg sedela lan mirengna apa sing dadi ature prajurit mau. Sawise ngerti
dhawuh Prabu Brawijaya sing kudu dheweke lakoni, Raden Patah ora isa nampa.
Merga apa sing dadi kekarepane Prabu Brawijaya dadekake Raden Patah raja
Majapahit sak lengsere dheweke. Raden Patah sing ati lan pikirane dadi ora
karuwan sidane menggak rasa anggone arep sowan Majapahit. Bengi sak bubare
sowane prajurit Majapahit Raden Patah nampa ngimpi lan swara ghaib sing intine
mrentah dheweke kudu tapa utawa semedi kanggo nenangna ati lan pikirane.
Ora
nganggo suwe Raden Patah terus budhal menyang papan panggonan semedi utawa tapa
sing sekirane dianggep duweni daya apik ana daerah kana. Jroning laku Raden
Patah kandheg merga diadang dening para jagal sing kepingin ngrampas barang
gawanane Raden Patah. Perang tandhing ora isa diselaki, Raden Patah nglawan
marang jagal-jagal sing nyegat mau. Nanging merga saking akehe jgal sing nyegat
lan Raden Patah dhewekan, dheweke dadi kwalahen sing dadekake tangane kena
sabetan gaman sing digawa dening para
jagal. Kanthi sisa-sa tenaga sing isih ana, Raden Patah pungkasane isa
ngalahake jagal sing nyegat dheweke.
Sak
wise perang lawan para jagal, Raden Patah krasa kesel lan ngelak banget sing
ora isa ditundha rasane. Awake dadi lemes lan lakune uga rada gliyengan kaya
wong lekas mabuk. Nanging nadyan kanthi gliyengan Raden Patah tekan ana kali
sing banyune bening lan seger banget sawangane. Raden Patah terus nyemplung lan
ngombe banyu kali kana kanggo ngilangake rasa ngelak sing wiwit mau ora kuwat
ditundha. Kali sing banyune bening lan iline banyu uga tenang dadekake Raden
Patah ngrasa nyaman lan ayem kungkum ana jero kali kono. Mula saka kuwi dhewe
terus semedi ana jero kali kono. Jroning nglampahi semedi Raden Patah nemoni
coba sing akeh banget. Nanging saka pacoban kuwi Raden Patah intuk jawaban siji
baka siji perkara-perkara sing teka marang dheweke. Ora kliwatan uga perkara
sing ana gandheng cenenge karo kerajaan Majapahit.
Ana
alam semedine Raden Patah ditemoni dening wong lanang sing nganggo ageman sarwa
putih lan menehi nasihat utawa piweling Raden Patah kudu sowan menyang
Majapahit lan ngrampungi kabeh perkara sing ana. Yen mengko burine pancen
kepingin nampa kabegjan lan wahyu kanarendran. Intuk piweling sing kaya
mangkono mau Raden Patah terus sadar saka semedine lan langsung budhal menyang
Majapahit.
Prabu
Brawijaya sing nalika kuwi larane saya suwe saya dadi paring dhawuh maneh
marang patihe supaya enggal nyowanake Raden Patah menyang Majapahit piye wae
carane. Merga Raden Patah sing diyakini lan digadang-gadang isa gantekake
dheweke mimpin Majapahit. Abdi lan
Nayaka sing ora seneng marang Raden Patah krungu dhawuhe Prabu Brawijaya sing
kaya mangkono terus cepet-cepet gawe rencana supaya Raden Patah ora isa
disowanake menyang Majapahit. Yen perlu Raden Patah malah bakal diperjaya
supaya dheweke ora ana sing isa nemokake.
Abdi
lan Nayaka sing ora seneng marang Raden Patah cepet-cepet metu kerajaan lan
goleki Raden Patah arep diperjaya. Nalika Raden Patah isih ana tengah alas
mlaku tumuju Majapahit dheweke ketemu karo Abdi lan Nayaka sing goleki dheweke
lan perang tandhing ora isa diendhani. Merga saka akehe bala perang sing digawa
Abdi lan Nayaka Majapahit, Raden Patah kuwalahen lan malayu nylametna awake.
Abdi lan Nayaka sing weruh mangsane mlayu ora nyerah terus dioyak nganti sak
kecekele. Raden Patah bingung merga wis ora ana dalan maneh kanggo dheweke
mlayu, sidane dheweke nyemplungna awake ana kali gedhe lan nalika kuwi terus
dislametna dening Kyai sing nembe tapa ana pinggir kali kuwi.
Sakwise
dislametake, Raden Patah dijak bali menyang pondhoke lan didandani beda saka
dandanane awal mau supaya ora dikenali para Abdi lan Nayaka sing padha ngoyak
dheweke. Kyai sing nulungi dheweke terus maringi piweling, yen dheweke pingin
sowan Majapahit pancen syarate abot. Yaiku kudu ngdepi lan ngalahake Abdi
Nayaka Majapahit sing ora seneng marang dheweke sing jumlahe uga ora sithik.
Mula saka kuwi Raden Patah dilatih lan digula wentah dening Kyai sing nylametna
dheweke kanggon nyinauni ilmu kanuragan lan ilmu-ilmu liyane sing migunani lan
dukung Raden Patah ing besuke.
Sakwise
Raden Patah nguwasani kabeh ilmu sing diajarna dening Kyai kuwi, dheweke terus
pamit arep budhal sowan menyang Majapahit. Supaya enggal ngrampungi tugas
saperlu nyirnakake bebendu lan ngadepi para Abdi lan Nayaka sig ora seneng
marang dheweke lan sapa wae sing bakal ngalang-ngalangi sowane Raden Patah ana
Majapahit.
Nalika
Raden Patah tekan Majapahit, Abdi lan Nayaka sing pancen wis waspada tekane
Raden Patah ana Majapahit wis ngadang ana ngarepe pintu gerbang kerajaan.
Perang tandhing ora isa diselaki, Raden Patah karo para Abdi lan Nayaka
Majaphit. Raden Patah dikroyok Abdi lan Nayaka Majaphit, nanging dheweke isa
ngimbangi lawan-lawane merga wis sinau bab ilmu kanuragan. Pungkasane Abdi lan
Nayaka Majapahit isa dikalahake dening Raden Patah. Raden Patah terus enggal
sowan ngarsane Prabu Brawijaya kanthi dandanan sing mangklingi. Nanging merga
Prabu Brawijaya kuwi Bapake dheweke dadi ora pangkling marang Raden Patah.
Prabu Brawijaya isa ngerti yen pawongan sing sowan ana ngarepe kuwi Putrane
dhewe. Prabu Brawijaya terus paring dhawuh supaya Raden Patah gelem nerusake
tahta kalungguhan rajane Prabu Brawijaya mimpin Majapahit. Nanging Raden Patah
nolak dhawuh sing kaya mangkono kuwi merga dhewe wis Demak Bintoro lan dheweke
uga wis janji bakal moncerake Demak Bintoro, sabda ratu tan kena wola-wali. Raden Patah nuli nyuwun ngarsane
Prabu Brawijaya supaya Majapahit diboyong wae menyang Demak Bintoro. Prabu
Brawijaya nyarujuki apa sing dadi panjaluke Raden Patah lan masrahake sekabehe
marang Raden Patah. Merga dheweke yakin lan manteb Raden Patah isa dipercaya.
Kanthi
pasarujukan saka Prabu Brawijaya, Raden Patahenggal dhawuh marang prajurit
supaya boyong emas picis raja brana kerajaan Majapahit menyang Demak Bintoro.
Ana tengahe dalan, prajurit sing padha gawa barang-barang saka Majapahit krasa
kesel lan kadhemen banget merga hawane daerah sing diliwati malih sanalika. Rombongan
prajurit nggone leren ketetemu Kyai sing wektu kuwi uga lewat daerah kana. Kyai
sing meruhi prajurit padha kadhemen terus takon marang salah sijine prajurit
kena apa kok kadhemen nganti kaya mangkono. Prajurit sing suwe-suwe ora kuwat
ngrasakna adheme hawa ning awak sidane
ditulung Kyai mau. Sang Kyai nancepake tongkat sing digawa dheweke ana lemah
sacedhake kono lan dedunga marang Gusti kang Murbeng Dumadi muga pikantuk tamba
kanggo para prajurit sing padha kadhemen nganti ora sakwajare kaya mangkono.
Bareng dicabut, saka tipak tongkat Kyai mau metu geni nyembur sak jero lemah
sing urube gedhe. Prajurit sing ana sacedhake kono kaget lan ora percaya yen
mung gara-gara tuncepan tongkat kayu kok isa metu geni saka jero lemah. Merga
wis ora kuwat nahan adheme hawa, ora nganggo suwe prajurit terus padha nyedhak
ana sapinggire geni kuwi kanggo ngangetna awake dhewe-dhewe.
Geni
sing metu saka lemah kuwi mau urube saya suwe saya tambah gedhe lan panase uga
tambah matikel-matikel. Prajurit sing maune padha seneng nyedhak geni merga
krasa anget saya suwe malah dadi ngrasa panas sumelet kaya-kaya bakar kulite.
Terus prajurit padha samabat kepanasen lan bengak-bengok jaluk tulung. Sang
Kyai sing weruh kahanan kaya mangkono terus ngendikan menawa geni kuwi aja
nganti disalah gunakake lan dinggo kanggo kepentingane dhewe-dhewe. Merga geni
sing metu saka lemah kuwi ora geni sembarangan. Yen nganti geni kuwi disalah
gunakake bakal ana walate. Merga para prajurit sing padha nyedhak mau serakah
kepingin awake dhewe sing oleh angete geni. Suwe saya suwe ora anget sing
diintuki, nanging malah rasa panas banget kaya-kaya bakar awake ana dhuwur kreweng utawa dipanggang ana
dhuwur mawa sing mrengangah.
Sak
wise paring pangerten sing kaya mangkono, Kyai kang aran Sunan Kalijaga kuwi
ora tegel nyawang prajurit sing padha ngrasakna panas bakar awake terus
nuncepake tongakt maneh lan dedonga marang Gusti kang Murbeng Dumadi nyuwun
mugi pikantuk tamba kanggo prajurit sing padha kepanasen. Bareng tongkat
dicabut, papan sing mau dituncepi tongkat terus mili sumber banyu sing bening
banget metu saka jero lemah. Prajurit sing nalika kuwi isih padha kepanasen
weruh banyu sing katon seger kuwi pingin cepet-cepet nyawuk lan nggebyurake banyu
ning kabeh awake sing wektu kuwi krasa tambah panas banget. Nanging, sak
durunge prajurit padha nyedhak lan nyawuk banyu sing mili kuwi, Sang Kyai
maringi wejangan sing ora beda adoh karo wejangane ngnenani geni mau. Merga
banyu sing mili kuwi uga ora banyu sembarangan, becike kudu digunakake kanthi
tanggung jawab lan ora serakah.
Prajurit
sing rumangsa salah lan isin karo awake dhewe, sidane gelem manut karo
wejangane Sang Kyai. Prajurit terus padha antri siji-siji kanggo jupuk banyu
sing mili kuwi mau. Bareng kabeh wis intuk banyu, ana sing diombe, ana sing
diraupna marang raine, ana sing dinggo nggebyur awake lan sakpanunggalane.
Bareng wis kaya mangkono terus panas sing dirasakna mari. Prajurit sing
rumangsa ditulung ngaturake matur nuwun sanget karo Sang Kyai. Bareng kahanan
wis dadi apik maneh, Sang Kyai pamit arep nerusake lakune. Prajurit sing
dipamiti ora isa males kanthi apa-apa, mung isa ngaturake sembah nuwun lan
pakurmatan kanggo Sang Kyai.
Saka
kedadean kuwi mau geni sing isih yterus murub kuwi saka warga sekitar diarani mrapen sing duweni teges geni sing mara
menehi obat lan piwulang kanggo prajurit lumantar Sang Kyai mau. Semono uga
banyu sing mili saya suwe dadi sendhang lan saka warga dijenengi sendhang dudha, kang duweni teges
didudud menehi tamba. Maksute tongkat sing didudud Sang Kyai ngetokna tamba
kanggo prajurit sing mau lagi padha nandhang lara sing ora dinyana-nyana.
Miturut
keyakinane warga sing ana kana, Sang Kyai sing nulungi para prajurit nalika
kuwi sing aran Sunan Kalijaga. Ya Sunan Kalijaga sing uga nulungi Raden Patah
nalika dioyak-oyak Abdi lan Nayaka Majapahit. Geni lan sendhang sing ana kana uga
diyakini warga disek dinggo dening Abdi Demak Bintoro kanggo gawe keris keris
kerajaan. Banyu sendhang sing diseke bening lan katon seger sak iki katon
buthek. Critane nalika Abdi lagi gawe keris sing bahane diwenehi saka Raden
Patah nalika ditempa lan dicelupna ana sendhang kuwi terus banyu sing ana
sendhang malih dadi buthek lan mumpal-mumpal kaya banyu sing digodhok panas
banget. Nadyan mumpal-mumpal kaya banyu panas, nanging yen dicandhak isih tetep
adhem kaya banyu biasa sing ana ing sendhang. Saka kedadean-kedadean sing kaya
mangkono kuwi papan panggonan geni lan banyu istimewa kuwi dikramatke merga
diyakini duweni daya sing gedhe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar